Kamis, 07 Maret 2013

ces hp sepedah motor /charger hp di motor

Salam jumpa kembali dalam berkarya.kali ini saya akan pake bahasa jawa agar lebih yahud lagi.Nggeh langsung kemawon kito milai kanthi bahas babagan ilmu elektronik maleh.Sak meniko kulo bahas toto carane ndamel ces HP teng nggene sepedah motor.

Kadang kolo kito ingkang sering ngelampahi lelungan utawi perjalanan.Ingkang mboten ngremenaken inggeh meniko kolo wekdal Hp ingkang kito betho ngedrop utawi enthek listrike.Badhe mandap kagem ngeces tapi wonten pundi?nopo teng pom bensin?nggeh mboten kepenak wedi nawi kepergok kalian penjaga pom,lintu maleh jelas wekdal kito meniko telas wonten pom kagem ngisi Hp.

Benten maleh nawi kito nggadah ces piyambak wonten motor.Kalian perjalanan kito takseh saget kalian ngisi Hp.   PENAK    TO    LAK    NGONO  ????

Ok langsung ke mawon kito bahas toto carane  bloko setunggal.sangking katahe coro kagem ces meniko ingkan g langkong sekeco ndamel IC pokok ingkang nggadahi serial nomer LM317.mergi meniko arus ipon flexible artosipun seuai kalian arus HP ingkang dipon ces.kados hp kulo ingkang merk nokia seri X medal aruse 400 mA.Nawi Hp kulo lintu merk Samsung tipe Y kulo ukor aruse namong 325mA.Nawi tegangane rata nawi diset 5v nggeh teros sak monten.Teros kelebihane maleh tegangan input saget langkung inggel,kirang langkong nawi mbeten klentu ngantos 40 VDC.

Selajengipon rangkaian namong ndamel sekedik komponen pasif,namong resistor,capasitor elektrolit,kalian kabel ugi pcb nipon.

Bilih komponen ingkang dipon betahaken inggeh meniko:
  1. c1                      2200μF/16v(karena kita pake aki motor)
  2. c 2                         4,7μF/16v
  3. IC                               LM317
  4. R1                                 240Ώ  
  5. trimpot                            5kΏ
Inggeh rangkaian meniko dipon rangkai wonten PCB (bolong kemawon mergi mboten sisah.Sak samponipon dipon rangkai kedah dipon ator output ipon diator mawi ongko 5volt DC teng gene volt meter.margi standard ipon antawis tegangan 4.2 V ngantos 5.4 volt. Tapi ampon supe bileh Ic ingkang dipon damel kedah dipon sukani pendingin kersane mbooten radi panas,amargi menawi panas ingkang langkong sanget meniko saget ngirangi umor IC malah saged ndadosaken IC meniko pejah.

Lantas rangkaian meniko dipon buntel kalian GODONG GEDANG teros dipincok dados pecel ces(di bungkos wadah-wadah nopo ngonten ingkang sae,wadah ces ingkang rusak nggeh mboten nopo-nopo).Selajengipon input meniko kito pasang jepit BAJOL(yang bener jepit buaya) kersane eco newi nyambung dateng AKI.Benten maleh nawi output ipon dipon paringi kabel bekas cop-copan(seng bener jek/jack) ces hp ingkang cocok kalian Hp nipon.

Mbok bileh kerso nambahi sakalr,diode pengaman,fuse lan liyo-liyane nggeh sumonggo.

Meniko ingkang saged kulo aturaken  mugi kito sedoyo saged ngalap manfaatipon.AMIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIN!!!


Orang bijak tak kan melakukan COpy PASte dari blog siapapun!!!!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar